Naminipun Dhalang
Miturut lenggah-lenggahing pralebdanipun para dhalang punika
sampun wonten naminipun piyambak-piyambak, inggih punika wonten gangsal warni:
1) Dhalang Sejati
2) Dhalang Purba
3) Dhalang Wasesa
4) Dhalang Guna
5) Dhalang Wikalpaa.
1.
Dhalang Sejati manawi ngringgit, sedaya
lelampahanipun ringgit lan isinipun cariyos,ngandhut isi raos pendidikan
ingkang sae minangka tuladha kagem ingkang mriksani. Ingkangdipun cariyosaken
ing salebetipun nggambaraken lelampahaning ringgit, isi piwucal ilmukabatosan,
wejangan sangkan paraning dumadi ngantos ilumugi kajaten. Dados paring
pepajardhumateng ingkang mriksani ingkang taksih sami kapetengan ing manah,
nyukani piwulanggesangipun manungsa sageda tumuju dhateng kasampurnan. Dados
lahir lan batosipun sageda jumbuh, njawi lan nglebetipun, tumujua dhumateng
tumindak ingkang sae, sampun ngantosmanungsa punika sami nyleweng, anggega
kajengipun piyambak. Inggih punika ingkang dipunwastani Dhalang Sejati.
2.
Dhalang Purba punika manawi ngringgit,
pandhapukipun cariyos isinipun warni-warni,inggih punika cariyos lelampahanipun
ringgit ingkang kenging kangge patuladhan dhumatengingkang mriksani murih
kenginga kangge sangu gesang ing sadinten-dintenipun. Lahir lan batosipun
tumuju dhumateng kasampurnan. Pramila cara anggenipun nyukani pitedah,
namungmawi pitutur tembung ingkang alus-alus, minangka dados wejangan tumrap
ingkang mriksani.Murih sagedipun sami kayungyun dhateng isi piwulangipun ki
dhalang, anggenipun damel isicariyos lelampahanipun ringgit, ingkang katindakaken
salebetipun ngringgit sadalu wau. Ngantos ingkang mriksani taksih gadhah raos
lamlamen salebeting manah, kados dene rumaostaksih nampi wejanganipun ki
dhalang. Inggih punika ingkang dipun wastani Dhalang Purba,tegesipun
satunggalipun dhalang ingkang sampun saged nyakup raos kasar lan
alusingmanungsa, sampun kenging karegem dados satunggal wonten wejangan punika
wau.
3.
Dhalang Wasesa punika manawi ngringgit,
piyambakipun nggadhahi keahlian, caraanggenipun nyariyosaken ringgit ngantos
anggadhahi raos gesang, saking anggenipun baudngecakaken damel tetembungan
ngantos saged mranani ingkang mriksani. Inggih punikamanawi nyariyosaken
ringgit ingkang pinuju prihatos, inggih kados anggadhahi raos sisahsaestu.
Manawi pinuju temantenan, inggih anggadhahi raos bingah ingkang ngandhut
katresnan.Manawi pinuju nepsu utawi ngamuk, inggih kados tiyang ingkang nepsu
lan ngamuk toh patisaestu. Makaten salajengipun. Inggih punika saking
anggenipun pinter nglampahaken lannglagokaken solahing ringgit lan ngrakit
tetembungan, ngantos ingkang mriksani anggenipunnyumerepi kados katingal
iya-iyaa saestu. Inggih kados makaten punika wau lenggahipundhalang wasesa,
tegesipun sampun saged nyakup anguwaosi wonten salebetipun pakeliran.
4.
Dhalang Guna punika anggenipun nindakaken
pakeliran lugu cariyos ingkang dipun remenidening ingkang mriksani kernawon.
Cariyosipun kosong, mboten wonten ingkang kengingkangge patuladhan, namung
waton rame sajak katingal muyeg pamayangipun. Dadoskasagedanipun inggih namung
saweg sak saged nglampahaken ringgit dipun tabuhi sadalumuput, ngiras kenging
kangge tengga griya. Dene caranipun namung kados tiyang dolananwayang kemawon,
cariyosipun tanpa isi, manawi milih lakon mesthi pados lampahan ingkangkathah
ringgitipun ingkang medal, wigatosipun kathah perangipun, sakedhik gegendhingan
lancariyosipun. Kepara kathah peperanganipun, dados isining tetabuhan prasasat
namung sampak,srepegan lan ayak-ayakan. Sadalu prasasat namung isi tigang
gendhing, kenging dipun wastani beber bango mati. Pramila milih ingkang kathah
wedalipun ringgit, salebetipun sadalu sampunngantos kapedhotan lampahan. Dados
tegesipun, ginanipun wau namung sak saweg remenngringgit mawi dipun tabuhi
gangsa.
5.
Dhalang Wikalpa punika anggenipun ngringgit,
inggih namung lugu manut miturut isinipun pakem, wewatonipun kawruh bab
padhalangan. Cariyosipun namung ngetrepi punapawontenipun kemawon, miturut
piwulang pasinaon padhalangan, rikala piyambakipun nglampahisekolah wonten ing
pamulangan pedhalangan. Dados namung mujudaken kados dene tetironkemawon,
inggih punika kados ingkang dipun wastani latihan andhalang, nirokaken
pantrapipuncara ngringgit sedalu. Punika ingkang dipun wastani Dhalang Wikalpa.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar