Gurit pinggire kali
pangkur disik
kangen pasuryan paduko
kanjeng Nabi kang angon
langit lan bumi.
kuthaning berkah lan ngelmu
endah tan kinaya ngapa
kekasihing gusti ingkang maha agung
o nabi nyuwun margi tresna lahir trusing batin
Lingsirsir wengi tan kendhat
bebaya memala tan kinaya ngapa
bebendu pepeteng tan kinira
bang-bang wetan
semburato
loro siji ing angka sanga
ming kari ngitung dina, jam, lan menit
keluarga wis nampa c-6 sing dadi uleme
ning aku durung...
yah... aku durung nampa sebab ora bakal nampa
PPS kene urung nyatet jenengku
Endonesya duwe gawe
gawe presiden
calone presiden ana loro
sing siji wonge gagah, lemu, gede, duwur
gambar lambange endas manuk
nek kampanye numpake montor mabur
ndas manuk artine apa? 1
sing loro wonge cilik, sedeng, biasa, gampangane sederhana
gagah tah ora, kepara malah gering,
gambar lambange ndas bantheng
nek kampanye senengane maring nggon sing teles,
lumpur lapindho
ndas bantheng artine apa? 2
ning pinggire kali karo nyawang banyu kang mili
wis meh rong sasi awakku nglakoni lakon
lakon kahanan madyo kunjana
madyo tengah kunjana edan. setengah edan.
gara-gara sirahku diadu karo atose aspal jumat kliwon 16 mei
wis meh mari nanging esih ana sing urung ilang
sak wise coblosan presiden mengko muga wis pulih sampurna
saged makarya nglakoni dharmaning wajib
rintik banyu grimis cilik
nyekseni aku sing sasat kaya lakuning banyu kali
sesuk menawa ana coblosan
bakal katut nyoblos apa ming nonton
ah coblosan opo ming oplosan nggawe presiden
************************* rampung
1 dan 2
Seperti Burung dan Banteng
Ingat bahwa sifat burung itu suka berada ditempat yang tinggi, mematuk, mencengkeram, menyambar terbang tinggi, bersarang di puncak pohon besar di puncak gunung yang tinggi pula. Walau tanpa sesama ditempat itu dia tetap berani.
Sementara sifat banteng itu suka berada ditempat yang rendah, cenderung berair, kubangan, menyeruduk, mengendus, bersarang ditempat yang rendah, dekat dengan perairan, berdekatan dengan sesamanya (berkelompok)
Dua karakter inilah yang sekarang sedang menjadi lakon.
Satu burung, satunya banteng.
Burung kemana-mana menggunakan pesawat terbang, berkicau, kadang melengking keras, tapi yaitu setelah hinggap dia akan terbang lagi, ….jauh…. sunyi tanpa jejak.
Banteng berada di dataran, kadang dikubangan lumpur (lapindo kah….)
Kemana-mana selalu banyak kelompoknya
Mengaum …..terjawab pekak.
Sesama banteng yang memiliki dua tanduk
Untuk menyeruduk, mendorong siapapun yang menghalanginya
Jejaknya tetap ada menunggu hujan menghapus
Itupun menunggu hari
Hingga rumput yang terinjak kembali tegak
Burung hidup diudara
Banteng didarat
Tinggi dan rendah
Jelas beda
Tinggal dimana anda suka berada.
Ini antara burung dan banteng
Bukan 1 dan 2
Apalagi manusia
Jelas beda karena memiliki akal
Pilihan kita adalah sesuka hati kita
Mau pilih burung atau banteng
Atau keduanya
Atau tidak milih
Yah ….. kita lihat saja.
aduh sirahku wis kemringet
tanda yen wis kudu mandeg
puyeng.....
kendal 6 Juli 2014 Nalikane aku suwung
7 Ramadhan tahun iki

Tidak ada komentar:
Posting Komentar