ANTEBING TRESNA
duh gusti kang akaryo widhi
yekti tuhuning katresnan ingsun
amung tumuju marang wanudyaning wanudya estu
hanenggih ndiko duh gegondelaning atiku
suwung awang uwung
Anggoleki wewayangan kang wingi teko
Ana lamuk-lamuk wang-wang
Kanan kering panggonanku
Sangsaya ndadra
Awan kaya dene wengi
Wengi pepetenging atiku
ana unen rerungon
jroning tapa lara iki
kang awujud jineman
endah ...
yekti kaanggit dening prapandita
mumpuni sekti maharsi
Dhuh nimas mustikaning wang
Kang ngujiwat maweh reseping ati
Tetulunga raga ningsun
Kang kataman asmara
Esem ira nyirnakke lungkrah lan lesu
Ngilangke rasa kang samar
Tresnaku sundhul wiyati
yekti tresnaku angungguli
gunging semeru
mantra kang kawaca
mugya sagedo jejimat
hayooo anggayuh jatining wiji katresnan!!!!
senajan adoh tan piniksa
duwur tan ginawe
yekti antebing ati dadi anda pangancik-ancik
dadya pangukeling adoh

Tidak ada komentar:
Posting Komentar