Selasa, 05 Juli 2022

"PRIHATIN"

 "PRIHATIN" 

(dening: Kyai Suwung)

“PRIHATIN”

(dening: Kyai Suwung)

(Kagem kadangku putri: Ny.Tri Listiani (kab. Batang)

Tejo guru anyar kang nembe wae ngabdi ono ing desa Karang Sari, Yoiku deso kang cilik lan adoh soko perkotaan. Ing Karang Sari Tejo urip karo bojone yaiku Surti lan anak –anake yaiku Wati lan Budi. Sakliyane ngabdi dadi guru ing SD, yen wis rampung anggone mulang, Tejo ugo nyambi buruh ngojek kanggo nyukupi kebutuhane. Mergo bayarane Tejo anggone ngabdi dadi guru ora sepiroho, yoiku among Rp 300.000 per wulane. Senadyan to mengkono Tejo tetep gede maturnuwune marang gusti Allah, utawi gede syukure cara agami Islam. Kaimbuhan amergo Surti garwane nora tau ngangkluh, purik, apamaneh nggresulo mergo bayarane Tejo sitik . Sebenere biso wae Tejo ninggalake murid-murid kang suwene iki diwulang, lungo mengyang kuto kanggo nggolek pegawean kang luweh apik. Nanging Tejo abot ninggalake murid – murid. mergo Tejo pengen ngabdiake uripe kanggo ndidik bocah bocah utamane kang ora mampu koyo ing Karang Sari.

Saiki kahanane Tejo pancen soyo kecepit mergo Surti kang saiki lagi ngandut anak ketelu sering kudu berobat ning puskesmas. Tejo ugo kudu mikirake biaya babarane Surti. Mertuane Tejo ngala –ala Tejo lan mbujuki Surti supoyo ngongkon Tejo mandeg ngabdi mulang lan nggolek pegawean ing kuto wae. Sitik-sitik Surti kang maune manutan katut omongane wong tuane. Banjur wani mbantah karo prentahe Tejo..Kanti sabar Tejo ngandani Surti.Akhire Surti gelem manut omangane Tejo.


SCENE 1

SE : ( swara manuk, kahanan ing mejo dhahar )

NR : Esuk kuwi Tejo arep mangkat mulang

SE : ( swara gelas dikudek gemrincing swarane )


1.Surti : Kopine Mas….(menehake gelas)

SE : (Tejo nyuput wedang kopine)

2.Tejo : Kok kopine rodo pahit Dek?

3.Surti : Iya Mas, mergo gulone wis entek, Mas Tejo kan durung bayaran maneh

4.Tejo : Oh gulone entek to? Tak kiro mergo kowe sengojo ora menehi gulo

5.Surti : Maso to aku ngono Mas?

6.Tejo : Yow is ngesuk yen aku bayaran kowe tuku gulo..,aku mangkat ndisik yo…

7.Surti : Iyo Mas sing ati ati


SE : (Suoro lawang ditutup)


NR : Tejo mangkat menyang sekolahan,

SE : (Musik, swara soko kadohan…..”tindak mucal mas Tejo”)

Tejo : Nggeh mbah, monggo..


SCENE 2

SE : (Rame swara cah sekolah…)

NR : Tekan sekolahan Tejo mandeng karo mikir

8.VO Tejo : (Wah, bocah - bocah sekolah iki mesaake tenan, ruang kelase podo bocor koyo ngene, belok, haah…jan jane mulang ning kene bayarane ora nyukupi aku kanggo nguripi keluargaku.Tapi, piye yen aku pindah soko kene.banjur sing mulang bocah – bocah iki sopo?)

SE : (Suworo bocah mlaku)

9.Dito : Monggo Pak guru..

10.Tejo : Lho Dit, kowe nggowo opo?

11.Dito : Niki gorengan Pak, kulo nyambi sadean.

12.Tejo : Dodolan?

13.Dito : Nggih Pak ngrewangi ma’e kangge maem kulo lan adi adine kulo

14.Tejo : Dito…..Dito, kowe ki pancen muredku kang pinter tenan.

(nggreges atine Tejo, ngengeti kahanane murid-muride)


SCENE 3

NR : (Tejo mulih sako sekolahan)

SE : (Musik)

NR : Dino iki Tejo entuk bayaran

SE : (Swara lawang dibuka)

15.Tejo : Dek….dek Surti…Iki lho aku wes bayaran…

16.Surti : Oh…yo sukur Mas,Yen ngono ngesok kopine yo legi..

17.Tejo : Iki..Rp.300.000 sing 260.000 gowonen kowe,lha sing 40 tak cekel aku kanggo tuku sepatu..iki lho sepatuku suwek e san soyo ombo.

SE : (swara wedus karo manuk trocokan, ptok ayam, kluruke jago)

18.Surti : Mas…bayarane durung mundak - mundak to?

19.Tejo : Haah…(lungguh ing kursi) Dek, yo koyo ngono kuwi nasibe guru ngabdi, bayarane mung sitik…tapi ..kowe ndak gelo dadi bojoku?

20.Surti : Gelo piye?

21.Tejo : Yo gelo…mergo ojo meneh kowe biso nganggo kalung koyo wong wedok liyane, kanggo mangan sedino dino wae, dewe susah

22.Surti : Yo ora ngono Mas…aku ikhlas lahir batin dadi bojone njenengan

23.Tejo : Aku tak melu buruh ngojek montore kaji Imron yo Dek?

24.Surti : Apa njenengan ora gengsi Mas, guru kok nyambi dadi tukang ojek

25.Tejo : Aku kuwi mikir butuh dek, ora mikir gengsi..gengsi kuwi mlarati..

26. Surti : Aku yo malah seneng yen njenengan kuwi ora gengsinan anggone golek duwit, sing penting halal to Mas?


SCENE 4

SE : (musik sedih sing nrajang ati)

NR : sesuk iku naliko arep mangkat menyang sekolahan, Tejo ketemu Dito lagi ngarit.

SE :

26.Tejo : Lho Dit,esuk esuk kok ngarit,opo kowe ora sekolah?

27.Dito : Mboten pak guru, kulo badhe mandhek mawon sekolahe..

28.Tejo : Mandek…neng ngopo?

29.Dito : (ndingkluk)…kulo sampun nunggak BP3 2 sasi Pak, lajeng ma’e sampun mboten gadah arto malih..

30.Tejo : Apa bapakmu ora tau ngirimi duwit?

31.Dito : Kawit kromo malih, bapak mboten nata nggateake kulo…

SE : (musik sedih…Swara slerekan dompet di buka….)

32.Tejo : Iki ono duwit, dinggonen kanggo mbayar BP3, muliho adus banjur menyang sekolah…

33.Dito : Maturnuwun Pak guru….kulo wangsul rumiyen…

Hening, seyak-seyak swara latar disapu, manuk tekukur,


SCENE 5

NR : Awan iku Surti nggodoni Tejo.(Surti lagi nyapu latar)

34.Surti : Walah walah sing sepatune anyar,…..

SE : (swara kresek dibuka)

34.Tejo : durung sido tuku sepatu dek, iki sing suwek wis tak jahitake

35.Surti : (mandek nyapu) lho neng ngopo Mas? Kok ora sido tuku sepatu.

36.Tejo : mergo duwite wis tak wenehake Dito..dheweke arap mandek sekolah amargo ora biso mbayar BP3.

37.Surti : Wah… njenengan kuwi pancen apikan tenan..Ajo seneng dadi bojone njenengan.

38.Tejo : Dito liwih mbutujhake duwit kuwi tenimbang mung kanggo tuku sepatuku,…mugo mugo wae ngojek ku lancer,akeh penumpang ben aku biso nabung kanggo tuku sepatu.


SCENE 6


NR : Dino kuwi Surti lagi ngumbahi ing sumur

SE : (swara banyu mili lan wong ngucek kumbahan)

39.Bu Tirah : (Ngetok lawang) Kulonuwun….Ti… Surti..Ti…neng omah ora?

40.Surti : (soko kadohan) ..monggo…

SE : (swara langkahe surti, lawang dibuka)

41.Surti : Eh…Ibu, monggo mlebet Bu…

42.Bu Tirah : Piye kabarmu Ti?

SE : swara nggletaake gawan nabrak rantang kosong, wadah-wadah sing disinggahke

43.Surti : Sae kemawon Bu, pangestunipun,lha Ibu pripun?

44.B Tirah : Yo saiki aku wis ora loro loronan maneh mulo, aku iso rene niliki kowe.

45.Surti : monggo unjuan nipun Bu…..saking solo jam pinten?

46.B Tirah : mau jam 06.00, lha omah kok sepi Budi,wait lan Tejo neng ngendi?

47.Surti : Budi kaliyan Wati dolanan ten sabin kaleh rencang rencange, menawi Mas Tejo, tasik buruh sak meniko.

48.B Tirah : Buruh? buruh ngopo to?

49.Surti : Buruh ngojek, nggen kaji Imron.

50.B Tejo : Haah…dadi tejo kuwi nyambi dadi tukang ojek.

51.Surti : Nggeh bu,kangge nyekapi kebetahan keluarga, mergi anggene Mas Tejo ngabdi dados guru,bayarane sekedik..

52.B Tirah : Lha kowe opo ora isin, bojomu guru nanging nyambi ngojek

53.Surti : Nggeh mboten lah Bu, Ngojek niku kan halal nggenopo kulo isin.

Butirah krasa abote ing rasa kahanane surti lan bojone.


SCENE 7


NR : Sore iku Tejo mulih saka buruh ngojek

SE : Surti lagi nyupu latar

54.Surti : Kok nganti sore Mas? Ibu rawuh mriki Mas

55.Tejo : welah Wis kawit mau opo?

56.B Tirah : Eh…Jo ! kowe soko ngendi?

57.Tejo : Oh…Ibu, niki nembe saking narik ojek, sugeng rawuhipun Bu? Monggo Pinarak Bu.

SE :(swara kursi ditarik)

Banjur Tejo lan Ibu morosepah lan surti sing lagi resik-resik ndongeng. Cerita kahanan umah.

58.B Tirah : Jan jane bayaranmu anggone ngabdi dadi guru pira?

59.Tejo : 300 ewu bu,kulo tasik ngabdi dereng dados pegawe negeri, dados nggih.bayarane nggeh sekedik

50.Surti : Nggeh,bu sekedik,menawi mas Tejo mboten nyambi berah sanese nggeh mboten nyukupi

51.B Tirah : Lha anggomu ngabdi kuwi ra wis 9 tahun, kawit biyen kuwi ora diangkat dadi pegawe negeri.

52.Tejo : Kulo nggeh mboten ngertos Bu,kok sampun dangu tapi mboten diangkat angkat. Kolowingi kabar ingkang kulo tampi, sampun kalebet ing database. Hananging ko prenahe taksih kedah sabar.


Cerita kandeg amarga wayah surup srengenge. Kumandanging adzan maghrib kapireng saka kadohan



SCENE 8


NR : bengi iku tejo lan surti crito ing kamar

SE : (swara jangkrik…)

53.Surti : Mas upahe ngojek mau piro?kae lengo gorengku meh entek yo mas,

54.Tejo : haah…Dek, mau kuwi aku kapesan,ban motorku bocor banjur upahku ngojek tak dingo nambalake ban,iki…dompetku kosong ora nono duwite…

55.Surti : Lho Mas banjur ngesuk dewe priye,Aku masak opo? Yen ora ono ibu, mangan mung lawuh sambel yo aku wis biasa,tapi saiki ono Ibu,moso Ibu adoh adoh soko Solo kon dhahar karo sambel?

56.Tejo : neng mburu ngomah kan ono wit kates,iso to godonge digodok kangngo nutul sambele,

57.Surti : Njenengan ora nawani coro liyane?

58.Tejo : Cobo wae utang neng warunge Bu de minah, yen kowe ora isin ,mergo utange dewe sing wingi yo durung disauri.

Wengi sepi jangkring karo unine manuk Buntel Mayit keprungu. Nyenyet kahanan ing desa karang sari


SCENE 9

Isuk kui rame ing warung, para ibu smayo blanja kebutuhan pawon.


59.Surti : Bude…kulo bade tumbas tempe kalih tahu,tapi artone mangkeh riyen menawi Mas Tejo sampun angsal bayaran.pareng punopo mboten bude..

60.Bd Minah : Heeh..piye yo Ti…ara sangkin aku ora gelem mbok utangi, tapi utangmu wingi yo durung mbok bayar.nuwun sewu,yen mbok utangi terus terusan, modalku yo entek.

61.Surti : Ngapunten Bu de,kala wingi mas Tejo kebanan banjur kondur mboten ngasto arto. Nggeh mangkeh menawi mas Tejo angsal bayaran kulo sauri, pareng bude…

NR : kanti gelo tur sedih,Surti ninggalake warunge Bu de Minah.

SCENE 10


NR : Awan iku Surti nawani dahar Bu Tirah

62.Surti :Monggo Bu dahar rumiyen, ngapunten lawuhe mung sambel kaliyan godong kates digodok.

63.B Tirah : Lho kowe ora masak Ti?

64.Surti : tasik mboten gadah arto dadosipun kulo mboten blonjo Bu.

B Tirah : .Opo kowe durung bayaran Jo?

65.Tejo : Dereng Bu, kalih dinten malih nembe bayaran

66.B Tirah : Opo kowe mandeg wae anggone ngabdi dadi guru, lungiho ning Jakarta, neng kono rak akeh pegawean, yen ora pindah wae ning kuto isi kare nyambi ngelesi.Yen ning kene sopo sing arep les,sekolah wae do aras- arasen.

67.Tejo : Mboten Bu, kulo niku kawit alit cita-citane dados guru.Kulo pengen ngabdiaken awake kulu kangnge minteraken generasi penerua bangsa.

68.B Tirah :Iyo dadi guru,tapi pindah ning kota wae yo ojo ning deso kang terpencil koyo iki.uripmu ora maju-maju..

69.Tejo : malahan kerono sabab meniko, kulo betah ten mriki amargi lare-lare meniko mbatahaken tenagane kulo…kathah guru engkang mboten purun ngabdi wonten mriki, mergo ten dusun alit tur bayarane sekedek.

70.B Tirah : Oo…kowe kuwi arep dadi pahlawan najan anak bojomu ora mangan.

71.Tejo : Nggeh mboten mengketen Bu…


nangis batine Tejo mireng pangandikane mara tua. Surti among Mendel, kapireng ingseking surti tetangisan.


SCENE 11


NR : bengi iku ing kamar Surti mbujuki Tejo

72.Surti : Mas yen tak piker- pikir ,ngendikone Ibu iki ono benere,nganti kapan dewe urip koyo ngene.njenengan wis ngabdi suwe nanging yo durung ono kabar kapan arep diangkat dadi pegawai negeri

73.Tejo : Dek …jenenge wong ngabdi kuwi kudu sing sabar lan iklas,mengko yen wayahe pengangkatan,aku yo diangkat

74.Surti : Masalahe, pengangkatane kuwi kapan Mas..

75.Tejo : Yo kuwi sing aku ora ngerti

76.Surti : Kae lho mas, bojone Marni buruh neng pabrik wae bayarane 900 ewu, najan to pabrike ning Jakarta tapi kan biso ngirimi duwit samben wulane.

77.Tejo : Banjur karepmu aku yo lungo neng Jakarta dadi buruh pabrik…terus sing mulang bocah bocah kae sopo?

78.Surti : Njenengan kakehen mikirake nasibe bocah bocah kae,banjur nasibe aku lan anak anake njenengan piye. (Surti nesu)

79.Tejo : Ojo nesu ngono to Dik,Yo wis is saiki aku tak golek sambinan liyane maneh.


SCENE 11


NR : Bu Tirah pamit arep mulih ing Solo

SE : Swara motor

80.B Tirah : Jo…dipikir maneh keputusanmu anggone arep netepi ngabdi dadi guru Bantu,anak anak mu yo pengen niru kanco koncone, urip kepenak lan duwe duwit.

81.Tejo : Sampun kulo pikir, insyaAllah Dek Surti lan lare lare saged nampi kawontenan niki. kulo pitados kasabaraning kawulo, bakal nuwuhake kahanan ingkang langkung sae.

82.B Tirah : Yo Wis Sakarepmu!!!! Nanging aja nganti Anakku lan putu-putuku kaliren. Gedene pegat, cilik pisah Surti karo putuku dak openane.

Tejo rumangsa lingsem atine. Wondene maratua wis kanda sing dadi kawigatene uripe. Duh gusti pengeran paringana dalan padang. Sambate Tejo, ngariwara jroning ati.



SCENE 11


SE : Suworo lawang di dodok

83.Dito : Kulo nuwun….

84.Surti : …….monggo…kowe dit, ono opo

85. Dito : Bade ngaturaken serat bu,kangge Pak guru

86.Surti : Surat ,lha kok kowe sing ngeterake?

87.Tejo : Enggih, wae pak pos nitipake kalih kulo

88. Surti : Oh…yo matur nuwun yo dit

89.Dito : Kulo pareng rumiyen Bu..

90. Surti : lho ora dolan sek?

91.Dito : ngenjang malih, niki bade ngrewangi mae sadean.


SCENE 12

NR : Tejo mulih soko ngojek

91.Tejo : Dek……..wedangku?

92.Surti : Iki Mas kopine, ……..mau Dito rene menehake laying iki

93.Tejo : Layang ,layang opo to?

94.Surti : Mboh, aku yo ora ngerti iki durung tak buka

SE : Swara kertas disuwek

95.Tejo : Dek….aku pengen weruh kowe mesem sing paling manis

96.Surti : Ah Mas Tejo,ki ono opo to ndadak ngongkon aku mesem

97.Tejo : Mergo….

98.Surti : Mergo opo Mas?

99.Tejo : Mergo…

100.Surti : Mergo opo to Mas nggawe aku penasaran wae?

101.Tejo : Mergo…layang iki isine pengangkatanku dadi pegawa negeri

102.Surti : Pegawe negri, Alhamdulillah..

103.Tejo : Iyo to bener omonganku, yen dewe sabar dewe bakal ngunduh hasile, mbuh kuwi cepet opo suwi

104.Surti : Iyo Mas, aku yo nyuwun ngapuro tau ngongkon njenengan mandek ngabdi ing SD.Pancen njenengan kuwi pahlawanku tenan

NR : Tejo lan surti banjur ngguyo senengng, mergo saiki nasibe keluargane bakal malih dadi luwih apik.

Sakwise dadi pagawe ngeri uripe Tejo lan Surti, yekti lewih apik. Surti iso klakon kalungan. Umah wis didandani apik. Surti wis karo usaha njahit. Kersane pengeran uripe tentrem ayem rahayu slamet. Ing tembe mburine anak-anake Tejo iso kuliah sing lanang Budi kuliah jurusan kelistrikan, Wati nuwuhi cita-citane bapak dadi guru. Tejo wis kadhapuk dadi kepala sekolah.


Ing pungkasan jenang selo wader kalen sesonderan, apuranto sak kathahing kalepatan.

Kanti asesanti ”HAYU RAHAYU RAHARJA NISKALA SATUHU”

TAMAT



Irah-irah “PRIHATIN” menika kaanggit kagem kadangku Putri “Ny Tri Listiyani” ingkang sak wetara wedal nalika ngajak pakempalan ing Bon-Bin Mangkang, Kawulo mboten saged ndereake para kadang. Nyuwun gunging samudra pangaksami.


Anggitan Awon punika kawulo kintu lan Ugi ngandut salam kangen lan sembah Takzim kagem.

1. Ibunda Dra.Amelia Rahmi. Fak. Dakwah IAIN Walisongo Semarang.

2. Risma Dewi Malasari

3. Santi Ani, Habib, Fadli, Halim. Richa Miskya

4. Sutresna Budaya Jawa


Foto nalika pikantuk Sertifikat saking RRI semarang.:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar