Selasa, 05 Juli 2022

MLAKU LAKU KU

 MLAKU LAKU KU

Owah kui among pindahing papan
Ora usak kawatir.
Jambe mayang nganti tekan jebug
kui kabeh kodrat
eling kersa kodrat lan irodate gusti Allah

JAPA DHANDHANGGULA KYAI SUWUNG
Matur suwun ingkang sampun paring dungo niki


Sakabehing lara pan samya bali,
kehing ama pan sami miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tibaning wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak lulut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwaning mong lemah miring,
myang pakiponing merak.

Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arca myang segara asat,
temahan rahayu kabeh,
apan sarira ayu,
ingideran mring widadari,
rineksa malaikat,
sakathahing rasul,
pan dadi sarira tunggal,
ati Adam uteku Baginda Esis,
pangucapku ya Musa.

Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
BagendAli kulitingwang,
Abu Bakar getih daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.

Sungsum ingsun Patimah linuwih,
Siti Aminah banyuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
Nabi Nuh ing jejantung,
Nabi Yunus ing otot mami,
Netraku ya Muhammad,
panduluku rasul,
pinayungan Adam Sarak,
sampun pepak sakhathahing para Nabi,
dadya sarira tunggal.

Wiji sawiji mulane dadi,
apan pencar saisining jagad,
kasamadan dening dzate,
kang maca kang angrungu,
kang anurat kang anyimpeni,
dadi ayuning badan,
kinarya sesembur,
yen winacakna ing toya,
kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan nuli waras.

Lamun ana wong kadhendha kaki,
wong kabanda wong kabotan utang,
yogya wacanen den age,
nalika tengah dalu,
ping sewelas wacanen singgih,
luwar saking kebanda,
kang kadhendha wurung,
aglis nuli sinauran,
mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih,
kang agring nuli waras.

Lamun ora bisa maca kaki,
winawera kinarya ajimat,
teguh ayu tinemune,
lamun ginawa nglurug,
Mungsuhira tan ana wani,
luput senjata tawa,
iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira,
pan rineksa dening Hyang Kang Maha Suci,
sakarsane tinekan.

Lamun arsa tulus nandur pari,
puwasaa sawengi sadina,
iderana galengane,
wacanen kidung iku,
kehing ama sami abali,
yen sira lunga perang,
wateken ing sekul,
antuka tigang pulukan,
musuhira rep sirep tan ana wani,
rahayu ing payudan.

Sing sapa kulina anglakoni,
amutiya lawan anawaa,
patang puluh dina wae,
lan tangi wektu subuh,
lan den sabar sukuring ati,
Insya Allah tinekan,
sakarsanireku,
tumrap sanak rakyatira,
saking sawabing ngelmu pangiket mami,
duk aneng Kalijaga.

SAPRONO SAPRENE MUNG MLAKU
URIP SING TUJUANE MBUH APA
SING JELAS TRESNA
TRESNAKU MARANG KALUARGAKU
BOJO-ANAKU-BAPA-BIYUNG-SEDULUR
AKU MLAKU
PADANGI...
AWANG-AWANGI LAKUKU

GUSTI
MUGI LELAKON IKI
MIGUNANI TUMRAP MANUNGSA
SAK BUMI

TERSNA SING TAK SANDANG IKI
AMUNG KANGGO SELIRA-MU
NORA ANA LIYO
DUH PENGERAN
TUNTUNEN
BOPONGEN
GENDONGEN
AWAKKU


NALIKO ISUK TAK KIDUNG LELAGON TRESNO
MARANG DUSUN PADESAN


Hayo rowang Angayahi kardi
Nora kendat pambangune deso
Pinudi murih becike
Supaya tansah maju
Ngupokoro karang lan gitri
Guyub rukun tumandang
Hasengkut gumregud
Temah dadyo toto harjo Handayani
Murah sandang pangan yekti
Jero kutho deso-deso

Aku mlaku kapan mandeku
Anggere Allah sampun kersa.
MLAKULAKUKU

Tidak ada komentar:

Posting Komentar