Selasa, 05 Juli 2022

“KETIBAN AWU ANGET”

 “KETIBAN AWU ANGET”

SCENE 1.

Musik
SE : swara ketikan, printer lan swara gaduh
1. ATASAN : Sadurunge koe resmi diangkat dadi kepala bagian produksi koe kudu nglakoni masa percobaan lawase telung sasi mudeng koe Wan….
2. RISWAN : Nggih pak……………kulo mudeng….
3. ATASAN : Nah sak lawase telung sasi mengko koe bakale dibiji, menowo koe dibiji apik tur mampu , yo..lestari nglungguhi kepala bagian nanging……………
4. RISWAN : Nanging nopo pak…..
5. ATASAN : Nanging kosok balen yen …bijimu elek tegese koe kudu narimo tetep dadi karyawan biasa.
6. RISWAN : Nggih pak kulo mudeng. Kulo bade nindaaken tugas kanti ngati-ati…. Nyuwun pangestu mugo-muga kulo saged lulus nglampahi masa uji coba meniko pak….
7. ATASAN : Oh yo mengko sakwise koe nyoto lulus, lagi surat pengangkatan jabatan iso metu.

SCENE 2
Musik
8. SE : Swasana Bengi
9. RISWAN : (Mbatinn) Haah…wis antarane sesasi anggonku…nglakoni masa uji coba, kok koyo ono sing bedo karo koncoku si Benggo…ora koyo padatan sadurunge aku nampa jabatan kepala produksi, Benggo minongko konco raket, nanging sakwise ngerti yen aku bakal diundaake jabatan, sikape Benggo dumadakan malik grembyang katon ngaddoh , acuh kurang sumanak hah….. jam piro iki...? hmmm…wis jam siji. Kok hawane koyo ngene… ono opo yo….
11. SE : Swara Door…..
12. RISWAN : Aastagfirullah… sopo sing nguncali mercon… coba aku tak metu……….
13. SE : suara lawang dibukak, jangkrik,
14. RISWAN : Lagi wae ono swara mercon, kok ara ono keluk …, cuilan kertas bekas mercon njebluk yo..ora ono … iki swara sing ora sebaene…. Yoh… moga-moga ora ana apa-apa.. haaah ko ono-ono...wae



SCENE 3
Musik
15. SE : Swasana esuk. Manuk pating crowet
16. WATNO : Kulo nuwun…..
17. RISWAN : Monggo mas Watno
18. WATNO : Wis jam setengah pitu kok urung budhal kerjo..Wan
19. RISWAN : Nembe wae arep mangkat. Lha Mas Watno ko ndi?
20. WATNO : Aku mung butuh arep ketemu koe….
21. RISWAN : Ono opo to mas ketoe penting….
22. WATNO : ngene lo Wan ...., mau bengi antarane jam 12. Aku sing nembe arep ngandangke kendaraan sing lali tak parker neng teraas, aku weruh ana geni nyemprong aneng nduwur umahmu , bareng tak caketi wewujudan geni nyemprong mau ilang lhap...….
23. RISWAN : Ah mas watno medeni wae .
24. WATNO : Ora Wan, iki tenan….tak kiro wewujutan mau kui medi kemamang utawane hantu api. Ono raasa wedi sakjrone atiku terus aku enggal mlebu ngumah..
25. RISWAN : Ha…mas watno gawe wedi aku wae…ah…
26. WATNO : Eh Wan…koe sing ngati-ati menawa ana sing ora seneng karo kowe, terus arep gawe lelakon sing ora becik
27. RISWAN : Yo…Maas matur nuwun……
28. RISWAN : ( Mbatin).....critane maas watno kok trap karo lelakonku mau bengi… geni nyemprong sing ddiweruhi mas watno karo swara mercon sing tak rungu...
29. WATNO : Ana opo Wan…?
30. RISWAN : (kaget)e.ee..ee ora ono apa apa ko…mas …….
31. WATNO : Yo wis ayo budhal bareng…. Aku sisan arep tuku lampu rem ketoe kendaraanku lampu reme mati sing sebelah tengen.
32. RISWAN : Aduh…..
33. WATNO : Nopo Wan?
34. RISWAN : Dumadakan sirahku mumet mas…awaku lemes….
35. WATNO : Opo urung sarapan?
36. RISWAN : Aku ora biasa sarapan….
37. WATNO : Wis Wan nang nggonku sek…kae mau. Mbakyumu nggawe sayur asem…..
38. RISWAN : Ora ussah repot-repot mas….
39. WATNO : Repot piye... ayo. Ben cepet sehat..

SCENE 4
Musik
40. SE : Swara piring dan sendok u (nandaake yen lagi mangan)
41. RISWAN : Wuek wuek………..(muntah)
42. WATNO : Nopo Wan….kok muntah……….
43. RISWAN : Mbuh mas ketoe aku ora bisa nerusake manggonku mangan….
44. WATNO : Lha.. napa….?
45. RISWAN : Hi…hi…..
46. WATNO : Napa to Wan?
47. RISWAN : Sego sing to suguhke ko dadi singgat….Mas
48. WATNO : Ah masa isih tetep sego..ko..
49. RISWAN : Tenan mas..
50. WATNO : Kok ,..ojo nganeh anehi to Wan….
51. RISWAN : Estu mas….wuek…wuek…
52. WATNO : Ngombe teh anget wae ben wetengmu isi….koe istirahat wae ora usah nyambut gawe...sik...mengko aku sing tak matur atasanmu.
53. RISWAN : Mengko ndak ngrepoti Mas Watno ....
54. WATNO : Wis to Wan koe wis tak anggep adiku dewe, nek kowe loro aku ya...melu krasa..

SCENE 5
Musik
55. SE : swasana wengi....Tok..tok...tok...tok.....(swara wong nutuk lawang)
56. RISWAN : Sapa?......
57. SE : Swara lawang dibuka

58. RISWAN : Sapa yo...?
: Kok sepi sopo sing notoki lawang mau....
59. SE : Lawang ditutup meneh.
60. RISWAN : Ha....wis antarane seminggu iki aku nandang loro sing ora sebaene..... uga lelakon sing taksandang ko aneh-aneh.... untunge aku isih kuat.
61. SE : Prang...... swara piring pecah
62. RISWAN : Astaghfirulah kok koyo piring pecah............hm...kok ora ono opo-opo?
63. SE : Wush......(swara angin)
64. JIN : Hmmmmm....hmmmmmhrmmmm.hrmmmm
65. RISWAN : Aduh.....a...a.....a.
66. JIN : Hmmmmm...hrmmm hrm......
67. RISWAN : A....A....A ah...................(SEMAPUT)



SCENE 6.
Musik
68. SE : Suasana esuk.........
69. WATNO : Alhamdulillah......
70. Mbok minem : Alhamdulillah...............
71. RISWAN : Lo...mbok Nem ana opo kok pada kumpul............
72. Mbok minem : Syukur Wan..isih dowo umurmu..
74. RISWAN : Lho mbok koyo aku bar mati wae..... ono opo to mbok............
75. Mbok minem : Pancene kowe mau bar mati.... Wan
76. WATNO : Iyo WAN bener ature mbok minem.......... Kowe mau wis ora ambekan
77. Mbok minem : Aku mau arep njupuk klambimu arep tak cuci sekalian nggowo sarapan karo obat kannggo koe,.... terus kok kowe gumletak ora koyo padatane wong turu bareng tak cedaki jebul wis koe wis ora ono ambekane, terus mas Watno tak undang mrene...
78. WATNO : Aku mrene merga krungu sambate mbok minem.....najaluk tulung...........gembor gembor kondo yento Riswan ora ono?
79. RISWAN : Aku wedi mas.....ha....
80. WATNO : Coba tok critakno lelakonmu....
81. RISWAN : Mau bengi aku bar ditekak wewujudan sing nggegilani............
82. WATNO : Nggegilani piye? Ha....
83. RISWAN : Wewujudan bleger...koyo wong, gede duwur ireng greneng.... tangane nekak guluku aku ora bisa owah budi apa maneh nglawan...aku mung bisa pasrah.... terus aku ora eling opo-opo....
84. WARGA I : Wah....kui mesti jin.....
85. WARGA II : Mesti kui lelembut kiriman. tenung menowo ....hi....
86. WATNO : Ha...aku dewe bingung......tur yo...wedi....
87. RISWAN : Lha terus piye Mas
88. WATNO : Sik..sedelok Nur.....?!! (ngundang nur)
89. NUR :Yo...pak...........
90. WATNO : Tulung undangake pak RT........
91. NUR : Nggih pak........
92. Mbok minem : Opo kowe due musuh Wan.....?
93. RISWAN : Ora mbok.... babar pisan aku ora tau mungushi wong .
94. Mbok minem : Opo koe.. yo...weruh, menowo ono pawongan sing ora seneng karo koe...
95. RISWAN : Mbuh mbok ...
96. PAK RT :Assalamu’alaikum
97. Kabeh : Wa’alaikumsallam.....
98. WATNO : Monggo pak RT.
99. PAK RT :Yo..... Jare kowe loro Wan.....
100. RISWAN : Inggih pak.....
101. PAK RT : Aku mau wis di critani Nur ngenani laramu kui........ aku melu prihatin...kowe yo wargaku dadi melu dadi tanggung jawabku.
102. RISWAN : Matur suwun pak..RT
103. PAK RT : Mas Watno... mengko aku arep ngabari maring wong tuane...Riswan. nah saiki nek perlu Riswan diundangke dokter...opo cepet digawa maring Puskesmas. Mengko ben sing mbayari nganggo kas RT.....
104. WATNO : Nuwun inggih pak....




SCENE 7
Musik
105. SE : Suasana kampung wayah esuk manuk, pitik.
106. IBU : Pak...jane anakmu kae sakit opo to.....
107. BAPAK : Aku dewe bingung bune.....
108. IBU : Wis digawa puskesmas.......ananging ko yo...urung sudo larane..........
109. BAPAK : Yo...dedungo wae muga – muga sakwise digawa balik nang deso kene, lan kopen tegese ono sing ngurus . Riswanl pulih....koyo biasane...
110. IBU : Ora kendat anggonku saben bengi tahajud njaluk supayane RISWAN enggal pulih.
111. BAPAK :Apik bune....dadi awake dewe usaha yo tawakal marang gusti kang kwasa ....
Eh..bu aku tak nang tambak wingi kae lelene wis ana sing wani tuku...mbok menawa arep dijupuki saiki.....
112. IBU : Sisan bareng pak...aku yo...arep ngunduh temu sing ana pinggiran kolam....kae. kanggo gawe jamu, mbok menawa dadi tombo larane si Riswan............
113. BAPAK : Nek ngono ayo... bareng...


SCENE 8
musik
114. SE : swasana padesan manuk, lan wedus
115. RISWAN : Hm....aaaaduh....huk...huk...huk..... tu,lu...lung.
116. JIN : Hm.......hmmmm hrmmmm............
Mati koe Wan..................
117. RISWAN : Sopo koe.....huk...huk.... kok gawe loro marang aku.opo kaluputanku ha.....
118. JIN : koe ora perlu ngerti sing baku koe kudu mati saiki....hmrmmmmrhhrmmm
119. SE : Shuittt......
120. JIN : (sambat ngrasake loro)..........hremm...............
121. KI WANGSA : Ojo ngganggu marang putuku koe he....................
122. JIN : Hm.....duh.....aduh...............sambat aku ki.....ampun ki Ageng...............
123. KI WANGSA : Ha.......rasakno koe wani ngganggu anak turunku...............
124. JIN :Ampun....hua..hrmmm....ampun kulo nyuwun luwar kiageng...............kulo ngrumaosi lepat kulo... waduhhhh
125. KI WANGSA ; yoooo....Tak luwari nanging ........, jawaben pitakonku...
Sopo sing akon karo koe hm............... kumowantun gawe piloro marang anak turunku he..... kurang ajar kowe..
126. JIN : Benggo
127. KI WANGSA :Nopo kok nganti tego arep mateni Riswan ha....... maturo ha.....
128. JIN : Aduh,....ampun ..ki Ageng...........
Merga kudune sing dipilih dadi kepala bagian produksi dudu Riswan nanging Benggo.
129. KI WANGSA: Oh...daadi jalaran rebutan pangkat.... yoyo....balio marang asalmu, ojo tok baleni gawe piloro marang anak putuku ... koe kudu lungo adoh.... yen tok baleni meneh anggonmu gawe piloro marang ank putuku ojo., takon doso koe...ha...
130. JIN : Inggih aku tobat.....hm....harmmm....hm......
131. KI WANGSA : Wis ngger balio waras, nyoto kowe wis ngerteni sapa sing gawe larane awakmu....
132. RISWAN : Panjenengan sinten......
133. KI WANGSA : Aku iki eyangmu Wangsa Dikrama...
134. RISWAN : Oh eyang............lelakon kok koyo memngkene eyang.....
135. KI WANGSA : Yo ngger...ojo kuwatir atimu, ojo nangis koyo cah cilik
wis...saiki kowe wis pulih koyo padatan.....eyang tansah njangkung marang kabeh anak putu.....eyang njaluk pamit........


SCENE 9.
Musik
136. SE : Lap............... Suara Gaduh pawongan sing pada kumpul aneng kamare Riswan.
137. IBU : Alhamdulillah duh gusti....kowe sadar Riswan......
138. BAPAK : Ha..Alkamdulillah .maha suci gusti allah......
138. RISWAN : Wonten nopo pak kok kabeh pada kaya wong bingung
140. IBU : Waaduh Wan...kowe mau semaput nganti diarani bapakmu ninggal.....
141. RISWAN : Makk aku kok ngelak banget aku pengin ngombe tulung mbok....aku njaluk jarang ............
142. IBU : Iki Wan
143. RISWAN : Glek...glek...glek.....
Pak...........
144. BAPAK : Piye Wan....
145. RISWAN : Aku tak arep takon, eyang wangsa dikrama niku sinten pak....
146. BAPAK : Lha piye...
147. RISWAN : aku mau nembe ketekan wewujudan sing menowo aku ngarani gendruwo opo jin. Terus nekek marang guluku... naging sedurunge kedadean aku mati terus ono pawongan sepuh sing ngluwari marang aku tegese tetulung marang aku... terus sak wise jin kui mau kalah banjur pawongan sing nulung aku kondho yen to deweke kui eyang wangsa dikrama....
148. BAPAK : Oh...yo...mudeng aku saiki.....mangertio ngger............eyang wangsa dikrama kui sing nurunake aku lan koe ...yo...wong sak dessa kene......sebab eyang wangsa kui sing dadi cikal bakale desa kene..
149. BU : Riswan.... haa
150. RISWAN : Pripun bu......
151. IBU : Rawuhe eyang wangsa ..........yo...mbah cikal bakal sing ngussadani kowe lan wis klakon nundhung anane brahala chandala mau , ssajatine minanggka gambaran, menawa gusti Allah wis kepareng paring pitulungan marang koe lan kalis saking panandang.............
152. RISWAN : Wos ipun dos pundi bu....?
153. IBU : Kabeh kui ora liyo awit saka tememene anggone pada nyeyuwun marang gusti...
154. RISWAN : m......yo.....
155. IBU : Kang andayani ilanging panca boyo lan sumingkire dur angkara, awit katempuh dening panguwasaning pandonga.. lan sucinning manah
156. BAPAK : Mulo ngger ono unen-unen sura diro joyoning rat lebur dening pangastuti.......... iki mau ora mung apus – apus nanging mujuddake sabda sing sipate langgeng nora bisa owah katempuh owahing jaman.....


SCENE 10.
musik
157. SE : musik penyela
158. WATNO : Riswan.............
159. RISWAN : Oh Mas Watno...........Kapan teko teko Mas ........
160. WATNO : Nembe wae...........wah....hebat kowe saiki WAN..............
161. RISWAN : Sing hebat opone Mas.................
162. WATNO : Mobilmu sedan mersi anyar.............kui wahh wah... hebat tenan koe
163. RISWAN : Yo iki mung titipane gusti Allah mas................
164. WATNO : lha piye Wan. Sak wise koe loro mbiyen kae aku terus dimutasi nang kalimantan. Kedadeane piye...haaaa...
165. RISWAN : Mbiyen kae jebul aku loro ana sing gawe-gawe. Amargo iri marang aku sing dipercaya perusahaan dadi kepala bagian,
166. WATNO :Yo...kabeh dadi lelakon.............Kok kowe saiki iso sukses opo yo...nganggo nyantet wong mbarang....hahahaha..
167. RISWAN :Ah mas watno ki lo... nek guyonan . aku tetep nyambut gawe nangkono terus gandeng atasanku seneng karo nyambut gaweku terus aku disekolahake.... nganti saiki aku dadi presiden....
168. WATNO : Presiden opo to Wan
169. RISWAN :Yo...ora ketang presiden direktur..... hahahahah
170. WATNO : Mbok menowo iki sing diarani kowe nemu bejo, sak wise ketiban awu anget...


“PARIPURNA”









"MARINA"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar